Cari Blog Ini

Kamis, 27 September 2012

'Geguritan jawa'

nalika srengenge wis angslup

Nalika srengenge wis angslup
Ati iki krasa mamring
Kaya kelangan pandom
Kelangan cahya
Kang biasane sumunar
Nalika srengenge wis angslup
Ati iki tansah anjejerit
Pengin sinandhing cahyane rembulan
Kang bunder ginunder
Ananging…
Wulan kuwi namung nginjen…
Saka burining mega…
Pedhut kang anggeledhut…
Sajak mesam-mesem…
Sajak lagi gemuyu…
Apa kang kok guyu?
Aku pancen lagi nandang lungkrah…
Aku pengin mlayu…
Mlayu kang adoh…
Ing burining pedhut
Pedhut kang anggeledhut

by: amirul fahmi